From Wikipedia, the free encyclopedia
Olah-olahan India inggih punika olah-olahan saking pintén-pintén wewengkon anak bénua India. Ciri khas masakan India inggih punika ginaakén pintén-pintén bumbon crakèn khas India lan sayuran ingkang tukul ing India, lan anèka warni hidangan vègètarian. Masakan India ugi mencerminkan keanekaragaman iklim, demografi, lan agami.
Agama lan kabudayan India gadhah peran ageng ing parembagan seni kuliner India.[1] nanging makaten, interaksi antawis budaya kaliyan kawasan ingkang tetanggan kados ta Timur Tengah, Asia Tengah, dan Laut Tengah menjadikan masakan India sebagai percampuran unik dari pinten-pinten masakan Asia.[2][3] Dominasi perdagangan rempah antawis India lan Éropah kaliyan pedagang Arab yebabpaken Vasco da Gama saha Christopher Columbus gadhah usaha kanggé nemuaken rute pelayaran énggal ing India, lan miwiti jaman penjelajahan ing Éropah.[4] Tiyang Éropah ing masa kolonial India nepangaken teknik memasak Éropah (mliginipun saking Inggris lan Perancis[1]) kaliyan tiyang India, lan nambah keanekaragaman masakan India.[5][6] Masakan India ugi ngaruhi masakan nagari-nagari ing sanès ing donya, mliginipun masakan Asia Tenggara, mliginipun ing pemakaian bumbon crakèn kanggé damel hidangan igkang sami kaliyan kari ing Thailand, Malaysia, lan Indonésia.[7][8][9]
Imigrasi lan percampuran budaya kanthi terus kalangsung ing India selama ewunan taun. Iklim India ingkang bènten-bènten miturut laladanipun piyambak, miwiti skaing laladan ingkang gadhah iklim tropis ngantos laladan ingkang gadhah iklim Pegunungan Alpen, lan nyepaaken aneka warni rupa bahan makanan. kanggé sapérangan tiyang India, panganan sampon dados simbol keagamaan lan identitas sosial kaliyan aneka rupa tabu lan pelarangan. Sebagian penganut Jainisme, tuladhané, boten madang akar-akaran utawi panganan ingkang dipunpendhet saking lemah. Sebagian penganut Hindhu lan Buda inggih punika ugi vegetarian. antawis 20% ngantos 42% penduduk India inggih punika vegetarian ketat, nanging namung 30% saking penduduk India ingkang madhang daging.[10][11][12]
Sekitar 7000 SM, penduduk Lembah Sungai Indus sampun nanem wijen, terung, lan jaga zebu.[13] Ing taun 3000 SM, kunyit, kapulaga, lada, lan mustar sampun umun dipunpanen ing India.[14] Sebagian saking hidangan ingkang dipuntepang sapunika asalipun saking periode Weda, manawi India taksih berhutan lebat, lan kasil pertanian dipunjangkepi kaliyan panganan kasil mungut ing wana lan gaging kasil mbebedag. Semasa periode Weda, panganan sadinten-dinten tiyang India wujud woh-wohan, sayuran, serealia, produk ternak perah, lan madu.[15] kedhik penduduk wiwit nerapaken filsafat Hindhu ahimsa saha dados vegetarian.[16] Biksu Faxian ngunjungi India ing taun405 lan ngelaporaken tiyang India sapérangan besar vegetarian, boten jaga babi utawa unggas, botensade kéwan ternak gesang, ing peken boten wonten tiyang jagal lan boten wonten ingkang sadeyan ombenan ingkang damel mabuk.[17] Vegetarianisme saya populer seiring kelajengan Buda lan amergi iklim ingkang saé. Sayuran lan serealia saged dipunpanen sembarang taun boten musiman. Masakan India, wiwit saking hidangan ing griya ngantos hidangan kanggé festival gadhah oyot saking tradisi ingkang dipunatur kaliyan naskah Ayurweda. Ing sistem usada Ayurweda wonten sistem klasifikasi panganan ingkang kagolong bahan panganan dados sattva, rajas, utawa tamas. saben kategori panganan dipercaya gadhah aruhan kiat kaliyan kasehatan jasmani lan rohani.
Invasi kakuwatan asing saking wewengkon tangga, kaasta Asia Tengah, Arab, Kemaharajaan Mughal, lan Pèrsi, pola mangan tiyang India kaubah. Pedagang Arab nepangaken masakan Arab lan pedagang Portugis nepangaken masakan Portugis. Masakan India diperkaya kaliyan dipuntepangaken sayuran saking donya énggal, kados ta tomat, lombok, lan kenthang ing masa India Portugis lan India Britania. saking tiyang Inggris, tiyang India sinau teknik masak ingkang énggal kados ta resep pinten-pinten hidangan panggang.
Prabawa Islam mbeta panganan berkuah kentel, pilaf, ngantos aneka warni hidangan daging kados ta kebab. ngantos tigangatus èwu lajengipun, masakan eksotik saking Pèrsi lan Iran dipuntepangaken ing India.[1] Semasa papréntahan Sultan Mughal Akbar yang Agung lan Shah Jahan, masakan India nyampur kaliyan masakan Asia Barat ngasilaken masakan Mughlai. ing wekdal punika masakan sayuran kalah populer saking panganandaging, lan ombenan ingkang ngandut alkohol kados ta soma lan sura langkung dipunremeni menawinipun susu.[1] Ing India masa punika sampun dipuntepang woh-wohan kados ta aprikot, melon, persik, lan prem. Tiyang Mughal ngeremeni makan énak. panganan mewah asring dipunhidangken ing masa berkuasanya Jahangir and Shah Jahan. ing wanci yang bersamaan, para nizam dari nagara Hyderabad mengembangkan gaya masakan tersendiri, kaliyan panganan khas wujud biryani hyderabad.
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.