Saklar
From Wikipedia, the free encyclopedia
Saklar inggih punika piranti ingkang dipun-ginakaken kanggé medhot jaringan listrik, utawi kanggé nyambungaken.[1] Dhasaripun, saklar punika piranti medhot utawi nyambungaken aliran listrik.[1] Sasanesipun kanggé jaringan listrik arus kiat, saklar ingkang wujudipun alit dipunangge kanggé piranti komponèn èlèktronika arus alit.[1] Saklar kapérang saking kalih logam ingkang némpél ing satunggalipun rangkean, lan saged dipunsambung utawi dipunpisah miturut nyambung (on) utawi pedhot (off) ing rangkean wau.[1] Material utawi bahan kontak sambungan limrahipun dipunpilih supados kiyat nahan korosi.[1] Manawi logam ingkang dipunangge kadamel saking bahan oksida ingkang kados limrahipun, mangka saklar asring boten dipunangge.[1] Kangge ngirangi efek korosi punika, paling boten logam ingkang dipunangge kanggé kontak sambungan kedah dipunsepuh kanthi logam anti korosi lan anti karat.[1]