Siddhartha (novèl)
From Wikipedia, the free encyclopedia
Siddhartha iku novèl déning Hermann Hesse sing dibabar ing taun 1922. Nyeritakaké spiritual lelana kanggo nemu jati dhiri bocah lanang sing jenengané Siddhartha kala wektu Buda Gotama. Novèl iki novèl é Hesse sing kasange, ditulis ing basa Jerman nanging simpel lan tulisané méh pada kaya geguritan. Buku iki digebyag ing US ing taun 1951 lan dadi buku sing mrabawani ing taun 1960an. Hesse ngujubaké bab kapisan buku iki kanggo Romain Rolland[1] lan bab kapindho kanggo Wilhelm Gundert, ponakané.
Barkas:Hermann Hesse - Siddhartha (book cover).jpg | |
Panganggit | Hermann Hesse |
---|---|
Pamertal | Hilda Rosner |
Nagara | Jerman |
Basa | Jerman |
Pangecapan | New Directions (U.S.) |
Kala babar | 1922, 1951 (U.S.) |
Jinis sarana | Print (sampul tipis) |
Kaca | 152 |
OCLC | 9766655 |
Peprincèn Dewéy | 833.912 |
Tembung Siddhartha iku saka Basa Sansekerta, siddha (nggayuh) + artha (apa sing digoléki), utawa yèn digabungaké dadi "dhèwèké sing wis nemu artining (kauripan)" utawa "dhèwèké sing suksés nggayuh gegayuhané".[2] Faktané, jenengé Buda dhéwé, sadurungé pangasingané, iku Siddhartha Gautama, Pangéran saka Kapilavastu. Ing buku iki, Buda iku dimaksudaké kanggo "Gotama".[3]