Sirsat
bangsa wit / From Wikipedia, the free encyclopedia
Sirsat, nangkli, nangka sabrang, nangka landa, utawa durèn landa (Annona muricata L.) iku tetuwuhan migunani sing asalé saka Karibia, Amérika Tengah lan Amérika Kidul.[2] Ing manéka laladan Indonésia ditepungi minangka nangka sabrang, nangka landa (Jawa), nangka Walanda, sirsak (Sundha), nangka buris (Madura), srikaya jawa (Bali), deureuyan belanda (Acèh), durio ulondro (Nias), durèn betawi (Minangkabau), sarta jambu landa (Lampung).[2] Panyebutan "belanda" lan variasiné nuduhaké yèn sirsat (saka basa Walanda, zuurzak) ditekakaké déning pamaréntah kolonial Walanda ing Nuswantara, ya iku ing abad kaping 19.[2] Jeneng sirsat dhéwé asalé saka basa Walanda Zuurzak sing tegesé kanthong sing asem.[2]
Sirsat | |
---|---|
Sirsat, gumandul ana ing wite | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Plantae |
Dhivisi: | Angiospermae |
Unranked: | Magnoliids |
Ordho: | Magnoliales |
Famili: | Annonaceae |
Génus: | Annona |
Spésies: | A. muricata |
Jeneng binomial | |
Annona muricata L.[1] | |
Tuwuhan iki ditandur kanthi komersial utawa selingan kanggo dijupuk daging wohé.[2] Wité dhuwuré bisa nganti sangang mèter.[2] Tuwuhan iki bisa tuwuh ing sabarang papan, paling akèh ditandur ing laladan sing cukup ngandhut banyu.[2] Ing Indonésia sirsak bisa tuwuh kanthi becik ing kadhuwuran 1000 mèter sadhuwuring lumahing sagara.[2]