Ula anang
From Wikipedia, the free encyclopedia
Ula anang utawa lanang (Ophiophagus hannah) ya iku ula kang duwé upas lan ula paling dawa kang ana ing dunya, kanti dawa awaké nganti sakiwa-tengené 5,7 m.[1][2] Nanging dawa kéwan diwasa ing lumrahé amung sakiwa-tengené 3 – 4,5 m waé.[3] Ula iki diwedèni déning wong amarga upasé kang bisa matèni lan sipat-sipaté kang kaloka agresif.
Sunyata Rikat Ular Anang, Klasifikasi ngèlmiah ...
Ular Anang | |
---|---|
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Animalia |
Filum: | Chordata |
Klas: | Reptilia |
Ordho: | Squamata |
Subordho: | Serpentes |
Famili: | Elapidae |
Génus: | Ophiophagus |
Spésies: | O. hannah |
Jeneng binomial | |
Ophiophagus hannah Cantor, 1836 | |
Wewengkon sebaran (warna merah) |
Tutup
Ula anang uga dikenal kanti pira-pira jeneng lokal kaya ta oray totog (Sd.), ula tedung abu, tedung selor (Kal.) lan liya-lyané. Sajeroning basa Inggris karan king cobra (raja kobra) utawa hamadryad.