![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/f/f9/%25D8%25A7%25D9%2584%25D9%2584%25DB%2581_%25DA%25A9%25D8%25A7_%25D9%2586%25D8%25A7%25D9%2585.jpg/640px-%25D8%25A7%25D9%2584%25D9%2584%25DB%2581_%25DA%25A9%25D8%25A7_%25D9%2586%25D8%25A7%25D9%2585.jpg&w=640&q=50)
Éskatologi Islam
From Wikipedia, the free encyclopedia
Éskatologi Islam yaiku ngèlmu kang nyinaoni babagan panguripan sawisé mati sajeroning akirat lan al-Qiyāmah "Pangadilan Pungkasan". Éskatologi gegayutan karo salah siji aqidah Islam, yaiku yakin anané dina pungkasan, kepatèn, jenggèlèk saka (Yawm al-Qiyāmah), mahsyar, pangadilan pungkasan, swarga, neraka, lan kaputusan sekabehing nasib umat manungsa lan liya-liyané.[1]
|
Umat muslim percaya yèn rusake dunya kadadéan nalika wong-wong kang beriman wis ora ana ing bumi. Kang isih mung wong-wong kang tindak-tanduke sarwa ala kang balik ana ing kaanan jaman jahiliyah.[2][3] Banjur anané dina kiyamat mau dikandakake bakal ana ing dina Jum'at.[4] “Durung bakal kiyamat saéngga ora ana manèh ing bumi wong kang nyebut "Allah, Allah.” Kadis riwayat Muslim.</ref>