Mufti iku ulama kang duwé kawenangan nginterpretasi tèks lan mènèhi fatwa marang umat. Fungsi mufti kadhangkala diwengku déning organisasi ulama kaya Majelis Ulama Indonesia (MUI) utawa déning Pengadilan Agama. Fatwa MUI mung dadi anjuran tumrap umat déné kaputusan Pengadilan Agama duwé kakuatan hukum.

Bagéyan saka sèri Islam
Ushul fiqih

(Sumber-sumber hukum Islam)

Fiqih
Ahkam
Gelar cendekiawan
  • Mujtahid
  • Marja
  • Alim (jamak: Ulama)
  • Mufti
  • Mufassir
  • Qadi
  • Faqih
  • Ulum hadis
  • Mullah
  • Imam
  • Mawlawi
  • Syekh
  • Mujaddid
  • Hafiz
  • Hujja
  • Hakim
  • Amir al-Mu'minin
  • Maulana

Mufti ing mangsa Hindhia Walanda

Mufti ing mangsa pamaréntahn kolonial Hindhia Walanda minangka salah siji kalungguhan sajeroning struktur siji landraad (pengadilan nagari) kang ana ing saben afdeeling. Sajeroning kasultanan kang independen mufti ditunjuk déning sultan, nanging ing mangsa Hindhia Walanda mufti ditunjuk lan digaji déning pamaréntah kolonial.

Minangka conto, siji landraad ing Afdeeling Bandjermasin ing pungkasan abad angka 19 duwé susunan kaya ing ngisor iki:

  • Ketua landraad: E.B. Masthoff (asisten-residen)
  • Jaksa Kepala: Kiai Bondan
  • Ajunct Jaksa: Hairul Ali bin Kiai Bondan
  • Moefti: H. Djamal bin H. Abdulhamid
  • Penghulu: H. Muhamad Junan
  • Grieffier: E. Lewis
  • Juru sita: C.W. van der Linden


Wikiwand in your browser!

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.

Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.