From Wikipedia, the free encyclopedia
Adelobasileus cromptoni iku sawijining spésiès saka jinis proto-mamalia sing wis cures saka jaman akir Triassik (Carnian), kira-kira 225 yuta taun kapungkur. Kéwan iki dawané mèh padha karo curut saiki. Adelobasileus bisa disinaoni saka fosil-fosil pérangan awakè sing mung tinemu ing formasi Tecovas, sisih kulon Texas.[1] Adelobsileus dadi kéwan sing paling pinunjul ing antarané kéwan jinis Cynodont non-mamalia (tritylodonta lan trythelodonta
Adelobasileus Kalamangsa: Triassic Akir | |
---|---|
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Animalia |
Filum: | Chordata |
Subfilum: | Vertebrata |
Unranked: | Amniota |
Klas: | Synapsida |
Unranked: | Mammaliaformes |
Génus: | Adelobasileus |
Spésies: | A. cromptoni |
Jeneng binomial | |
Adelobasileus cromptoni Lucas & Hunt, 1990 | |
Kayadéné kéwan mamalia Mesozoikum liyané, kéwan Adelobasileus iki mung ditepungi liwat fosil sing ora jangkep. Ing kéné mung sapérangan cilik tengkoraké mahluk iku. Sanadyan mangkono, fragmen iki dianggep wis cukup nuduhaké yèn Adelobasileus duwé struktur mamalia, sing urutané ana ing zona klawu antarané Therapsid modhèren (mamalia sing kaya reptil) saka periode Trias tengahan lan mamalia pisanan sing sepisanan évolusi. Sawetara wektu, para Paleontologis luwih adoh nglakokaké idhèntifikasi Adelobasileus pisanan ing donya iki, sanadyan kesimpulan iki bakal luwih bener manawa pathokané temuan fosil anyar sing luwih jangkep.[2] Adelobasileus dibédakaké saka mamalia indhuk liyané déning kombinasi karakter: kurangé fosa otot stapedial, ora anané pamisah antarané anterior lan posterior preocesses parroccipital, lan anané tilas swiwi basisphenoid.
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.