Alicia Keys
From Wikipedia, the free encyclopedia
Alicia Augello Cook (lair tanggal 25 Januari taun 1981), kawentar kaceluk Alicia Keys, dhèwèké iku paraga wédok, prodhuser musik, panganggit lagu, pianis, lan penyanyi. Keys gebyakaké album debut karo J Records, Sadurungé duwé tawaran rekaman pisanan karo Columbia lan banjur Arista Records. Album debut Keys ya iku, Songs in A Minor, nampa kasuksèsan, kadol punjul 12 yuta kasèt ing saindhenging donya. Dhèwèké dadi artis anyar lan artis R&B sing paling suksès ing taun 2001.[1] saka Album debut Keys nampa lima panghargian Grammy Awards ing taun 2002, kalebu Best New Artist lan Song of the Year kanggo lagu "Fallin'", dhèwèké dadi artis Amérika angka 2 sing nampa lima panghargian Grammys ing sabengi.[1] Album studio angka 2 dhèwèké judhulé, The Diary of Alicia Keys, digebyakaké ing taun 2003 lan uga nampa kasuksèsan ing saindhenging donya, kadol 8 yuta kasèt.[2] Saka album iku Keys nampa papat panghargian Grammy Awards ing taun 2005.[2] uga ing taun iku, dhèwèké gebyakaké album live pisanan judhulé, Unplugged,sing debuté dadi peringkat siji ing Amérikah Sarékat.[1] Dhèwèké dadi penyanyi wédok pisanan sing album debuté dadi peringkat siji sawisé Nirvana ing taun 1994.[1]
Alicia Keys | |
---|---|
Lair | Alicia Augello Cook (1981-01-25) Januari 25, 1981 (umur 43) New York City, New York, U.S. |
Bangsa | Amérika |
Jeneng liya | Lellow |
Pakaryan |
|
Taun aktif | 1996–saiki |
Bojo | Swizz Beatz (o. 2010) |
Anak | 2 |
Karir musik | |
Génre |
|
Piranti |
|
Labèl |
|
Sing magepokan |
|
Sana jaringan | aliciakeys |
Tandha tangan | |