Anafilaksis
From Wikipedia, the free encyclopedia
Anafilaksis ya iku reaksi alergi abot kang dumadakan kedadeyan lan bisa njalari panandhang nemahi pati.[1] Penyakit iki lumrahé nuwuhaké pirang-pirang tandha-tandha kaya ta kulit abang gatel, gorokan abuh, lan tekanan darah cendhèk. Panyebab lumrahé tumrap reaksi iki ya iku dicokot/diantup gegremet, pangan, lan obat.
Anafilaksis | |
---|---|
Classification and external resources | |
Angioedema ing rai nganti bocah iki ora bisa mbukak mripate. Reaksi iki kedadeyan amarga ketaman alergen. | |
ICD-10 | ICD-10 Chapter T|T782 |
ICD-9 | 995.0 |
DiseasesDB | 29153 |
MedlinePlus | 000844 |
eMedicine | med/128 |
MeSH | D000707 |
Ing tataran patofisiologi, anafilaksis disebabake déning lepase mediator saka jinis sèl darah putih tinamtu kang bisa disengka déning mekanisme imunologis utawa non-imunologis. Lara iki didiagnosis miturut tandha-tandha lan tandha kang tuwuh. Pangobatan utama ya iku lumantar injeksi epinefrin, lan cara pangrumatan liyané kanggo tambahan bae.
Prakira 0,05-2% wong sadonya duwé anafilaksis ing sawijining wektu uripé lan cacahé kaya-kaya saya tambah. Tembung anafilaksis asalé saka tembung Yunani ya iku ἀνά ana, mungsuh, lan φύλαξις filaksis,bètèng kasarasan.