From Wikipedia, the free encyclopedia
Andrew Johnson (lair ing Raleigh, North Carolina, 29 Dhésèmber 1808 – pati ing Elizabethton, Tennessee, 31 Juli 1875 ing umur 66 taun) ya iku présidhèn Amérika Sarékat angka 17 lan njabat ing 1865 tekan 1869.[3] Muturut konstitusi, Andrew Johnson sing njabat minangka Wakil Présidhèn sing otomatis dadi présidhèn nalika Présidhèn Abraham Lincoln tilar donya ing prastawa rajapati.[4] Panjenengané uga salah sijining présidhèn Amérika Sarékat sing nikah ing yuswa paling enom, nalika dina nikahé 5 Mèi 1827, panjenengané 18 taun yuswané, nanging garwané, Eliza McCardle, yuswané 16 taun.
Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |
Andrew Johnson | |
---|---|
Présidhèn Amérika Sarékat angka 17 | |
Linggih 15 April 1865 – 4 Maret 1869 | |
Kang sadurungé | Abraham Lincoln |
Kang sawisé | Ulysses Grant |
Pratélan Wakil Présidhèn Amérika Sarékat angka 16 | |
Linggih 4 Maret 1865 – 15 April 1865 | |
Présidhèn | Abraham Lincoln |
Kang sadurungé | Hannibal Hamlin |
Kang sawisé | Schuyler Colfax |
Senator Amérika Sarékat saka Tennessee | |
Linggih 4 Maret 1875 – 31 Juli 1875 | |
Kang sadurungé | William Brownlow |
Kang sawisé | David Key |
Linggih 8 Oktober 1857 – 4 Maret 1862 | |
Kang sadurungé | James Jones |
Kang sawisé | David Patterson |
Gubernur Tennessee | |
Linggih 17 Oktober 1853 – 3 November 1857 | |
Kang sadurungé | William B. Campbell |
Kang sawisé | Isham G. Harris |
Gubernur Militer Tennessee | |
Linggih 12 Maret 1862 – 4 Maret 1865 | |
Kang sadurungé | Isham G. Harris |
Kang sawisé | Edward H. East sebagai Pejabat Gubernur |
Member of the U.S. House of Representatives from Tennessee's kaping 1 district | |
Linggih 4 Maret 1843 – 3 Maret 1853 | |
Kang sadurungé | Thomas Arnold |
Kang sawisé | Brookins Campbell |
Rerincèn dhiri | |
Lair | Raleigh, Karolina Utara, Amérika Sarékat | 29 Dhésèmber 1808
Pati | Juli 31, 1875 66) Elizabethton, Tennessee, Amérika Sarékat | (umur
Parté pulitik | Dhémokrat |
Gayutan pulitik liya | Persatuan Nasional (1864–1868) |
Sisihan | Eliza McCardle |
Anak | Martha Charles Mary Robert Andrew |
Profési | Penjahit |
Agama | Kristen Non-denominasional[1][2] |
Tandha tangan |
Andrew Johnson dilairaké 29 Dhésèmber 1808. Wong Tuwané mlarat. Bapaké salah sijining tukang jaga lawang ing salah sijining papan panginepan, lan ibuké tilas pelayan ing panginepan mau.[5]
Andrew Johnson ora tau disekolahaké, nanging lekas sinau dhéwé nalika umuré isih enom. Nalika enom, panjenengané makarya ing salah sijining tukang jait, kanthi karep kanggo dadi tukang jait. Nanging panjenengané salanjuté lumayu ing salah sijining kutha ing Tennessee lan ing papan iku panjenengané mbukak salah sijining toko jait klambi.[6]
Andrew Johnson nglamar anaké tukang sepatu. Garwané, sing pendhidhikané apik, nyurung Andrew Johnson ing usaha-pangudiné kanggo yasa awaké dewé kanthi sinau. Ora suwé, panjenengané wés kasil nglumpukaké kauletan-kauletan lan jeneng apik ing kalangan masarakat minangka warga sing paling kaloka. Panjenengané nduwé rasa perhatian ing masalah-masalah kemasyarakatan lan ing akhiré nggawa masalah iku ing donya pulitik. Panjenengané dadi anggota Dewan Kotapraja, salanjuté njabat minangka walikutha, lan salanjuté iku wakil praja lan senator.[7]
Ing yuswa 35 taun panjenengané dadi anggota ing Kongrès Amérika lan njabat sasuwéné sepuluh taun. Salanjuté panjenengané dadi Gubernur Tennesse lan sawisé iku dadi senator sasuwéné limang taun.[8]
Ing tanggal 15 April 1865, sawisé Présidhèn Lincoln tilar donya amarga rajapati, Andrew Johnson diangkat dadi présidhèn.[9]
Sasuwené mangsa jabatané, rong amandemèn wes ditambahaké ing kongrès Amérika. Amandemèn sing ditambahaké ya iku[10]:
Présidhèn Andrew Johnson ya iku anggota saka Parté Dhémokrat Amérika Sarékat, padahal Lincoln asalé saka Parté Parté Républik Amérika Sarékat. Panjenengané ora dikancani karo wakil présidhèn. Sasuwené nyekel jabatané, panjenengané béda pamikirian karo kongres, luwih-luwih karo anggota-anggota parté républik sing radikal. Golongan iki nyekel peran nalika mutusaké salah sijining undang-undang, kalebu mbatalaké veto salah sijining présidhèn. Kanggo sing kapisan ing sajarah kongrès kasil mbatalaké putusan présidhèn babagan salah sijining undang-undang wigati. Para anggota padha usaha kanggo mbatesi kanthi ketat kuasané présidhèn kanthi netapaké jumlah rancangan undang-undang lan nalika Présidhèn Andrew Johnson nglirwakaké salah sijining peraturan iku kanthi mecat Mantri Perangé, pamriksaan pelanggaran dikenèkaké kanggo panjenengané lan panjenengané diadili déning senat Amérika Sarékat, nanging panjenengané dibébasaké saka tuduhan kanthi béda siji swara.[11]
Nalika taun 1869 Présidhèn Andrew Johnson ninggal Gedung Putih lan bali ing praja Tennessee.[12]
Ing taun 1875, enem taun sawisé ninggal Gedung Putih, Andrew Johnson bali ing Washington, D.C. minangka Senator. Panjenengané tilar donya pirang wulan salanjuté ing tanggal 31 Juli 1875 sawisé diserang lelara lumpuh. Panjenengané ninggal garwa siji, putra telu lan putri loro.[13]
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.