Athena (mitologi)
From Wikipedia, the free encyclopedia
Athena utawi Athene (Attika: Ἀθηνᾶ, Athēnā atau Ἀθηναία, Athēnaia; Epik: Ἀθηναίη, Athēnaiē; Ionia: Ἀθήνη, Athēnē; Doria: Ἀθάνα, Athana; Latin: Minerva),ugi dipunwastani Pallas Athena utawi Pallas Athene (Παλλάς Αθηνά; Παλλάς Άθήνη) wonten ing mitologi Yunani inggih punika dewi kawicaksanan, strategi, lan perang. Athena ugi kawentar minangka dewi ingkang nulungi para pahlawan. Athena punika satunggaling dewi ingkang wiyos dados priyantun èstri diwasa lan naté dipungambaraken minangka lare alit. Athena boten gadhah garwa utawi pasangan saéngga dipunwastani parthenos ("perawan"), Hefaistos naté nyobi merkosa nanging boten saged. Kuil Parthenon ing kutha Athena, Yunani punika kuilipun ingkang paling kondhang.[1]
Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |
Miturut legenda, Athena punika putri ingkang paling dipunremeni déning Zeus, déwa paling kuwat. Ibunipun punika dewiMetis ingkang kalebet dewi pamikiran lan kepandaian, ugi kondhang minangka dewi kawicaksanan. Athena dipunparingi kekuwatan saking bapakipun lan kawicaksanan déning ibunipun. Wonten ing legenda sanèsipun, Pallas dipunanggep dados bapakipun awit saking punika piyambakipun pikantuk gelar Pallas Athena (Παλλάς Αθηνά). Kajawi punika ugi wonten ingkang nyebat bilih Athena saged matèni Pallas nalika perang Déwa nglawan Titan saenga pikantuk gelar Pallas Athena.
Athena naté ngéwahi Medusa saking wanita ayu dados monster. Salajengipun Perseus nugel sirah Medusa lan maringaken dhateng Athena, sang dewi banjur masang sirahipun Medusa ing perisainipyn utawi wonten Aigis. Athena dipunubungaken déning bangsa Etruria kaliyan Dewi anama Menrva, lajeng dipunadhaptasi déning tiyang Romawi minangka Minerva.[1] Athena dipunkancani déning burung hantu alit lan dewi kemenangan Nike. Piyambakipun ugi asring dipungambaraken nyekel tombak.