From Wikipedia, the free encyclopedia
Beri Ireng utawa Blackberry utawa Black rasberry inggih punika salah satunggaling woh-wohan ingkang kalebet ing génus Rubus saking kulawarga Rosaceae.[1] Woh punika padatan pinanggih ing Éropah, Inggris, Amérika Lor, saha pasisir Pasifik.[1] Blackberry gadhah wujud ingkang mèmper kados ta anggur, nanging ukuranipun langkung alit kaliyan nggrombol.[1] Blacberry sampun dipundhahar déning manungsa wiwit éwonan taun kepengker, amargi wonten kasil forensik saking jaman wesi ingkang mbuktèkaken bilih tiyang wadon Haraldskaer sampundhahar woh blackberry kinten-kinten 2500 taun kepengker.[1] Kajawi raosipun ingkang sekéca, woh blackberry ngandhut nutrisi ingkang maringi mupangat kanggé kasarasan badan.[1]
Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |
Blackberry | |
---|---|
Woh Beri Ireng (Blackberry) | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Plantae |
Unranked: | Angiosperms |
Unranked: | Eudicots |
Unranked: | Rosids |
Ordho: | Rosales |
Famili: | Rosaceae |
Génus: | Rubus |
Subgénus: | Rubus (formerly Eubatus) |
Species | |
Kaliyan atusan mikrospesies sanèsipun |
Woh beri ireng ngandhut kathah serat kaliyan vitamin C ingkang gunggungipun kaping pindho langkung kathah tinimbang kandhutan vitamin C ing woh beri biru.[1] Beri ireng ugi ngandhut senyawa tanin ingkang saged mbiyantu nambani tatu.[1] Wonten ing sawatawis literatur ngandharaken, ekstrak woh beri ireng ngandhut kathah anthrocyanin, flavonoid, kaliyan senyawa fenol ingkang gadhah mupangat nyerep radhikal oksigèn (ORAC), nglawan radhikal perosokil, superoksida, hidrogen peroksida, radhikal hidroksil, kaliyan singlet oksigèn.[2][3] Beri ireng ugi ngandhut asem folat, vitamin K, vitamin B, mineral essensial, kaliyan mangan.[2][3]
Nutrisi | Kandhutan per 100 gram | % Aji padintenan |
---|---|---|
Energi | 43 kcal | |
Total serat | 5.3 g | 21% |
Total gula | 4.9 g | |
Kalsium, Ca | 29 mg | 3% |
Magnesium, Mg | 20 mg | 5% |
Mangan, Mn | 0.6 mg | 32% |
Copper, Cu | 0.2 mg | 8% |
Potassium, K | 162 mg | 5% |
Natrium, Na | 1 mg | 0% |
Vitamin C | 21 mg | 35% |
Vitamin A, IU | 214 IU | 4% |
Vitamin K, µg | 20 µg | 25% |
Asam folat, µg | 36 µg | 9% |
Beta Karotena | 128 µg | ne |
Lutein + zeaxanthin | 118 µg | ne |
Woh beri ireng saged dipundhahar langsung minangka pencuci mulut.[1] Beri ireng saged dipundamel selé, unjukan, jelli, lan uga saged kanggé campuran roti.[1] Sapunika woh beri ireng ugi wonten ingkang dipundadosaken lulur ayu.[1]
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.