Flavonoid
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Flavonoid yaiku senyawa kang kasusun saka 15 atom karbon kang racaké sumebar ing tuwuhan.[1] Luwih saka 2000 flavonoid kang asalé saka tuwuhan wis diidentifikasi, nanging ana telung golongan kang umum disinau, yaiku antosianin, flavonol, lan flavon.[2] Antosianin (saka basa Yunani anthos, kembang lan kyanos, biru-tuwa) yaiku pigmen warna kang racaké ana ing kembang duwé warna abang, ungu, lan biru.[2] Pigmen iki uga ana ing pirang-pirang pérangan tuwuhan liyané tuladhané, woh-wohan tertentu, pang, godhong lan ing oyot. Flavnoid kerep ana ing sel epidermis.[2] Akeh-akèhé flavonoid ana ing vakuola sel tuwuhan sanajan panggonan sintesisse ana ing njaba vakuola.[2]


Remove ads
Fungsi
Antosianin lan flavonoid liyané narik kawigaten akèh ahli genetika amarga ana kemungkinan kanggo nggubungake pirang-pirang karubedan morfologi ing antarané spésies kang cedhak karo siji génus tuladhané karo jinis flavonoid kang dikandung.[2] Flavonoid kang ana ing spésies kangpadha kekancan ing siji génus mènèhi informasi tumrap ahli taksonomi kanggo nglompokkake lan nemtokake garis evolusi tuwuhan iku.[2]
Cahya kususe sadawané glombang biru ningkatake pambentukan flavonoid lan flavonoid ningkatake resistensi tuwuhan marang radiasi UV.[2]
Quercetin lan myricetin, minangka jinis flavonoid kang nglindungi sel Caco-2 kang ana ing saluran pencernaan saka oksidasi rante gandha DNA lan asifat antioksidan kang nglindungi kolonosit saka stress oksidatif.[3]
Remove ads
Deleng uga
- Isoflavon
- Antosianin
- Betalain
Cathetan suku
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads