Basa Arab Mesir
From Wikipedia, the free encyclopedia
Cithakan:Infobox Language/IPA notice
Basa Arab Mesir | ||
---|---|---|
مصري Maṣrī | ||
Pronunciation | [mɑsˁɾɨ] | |
Dituturaké ing | Mesir lan sawetara nagara liyané | |
Gunggung panutur | 76.000.000 + [1] | |
Rumpun basa | Cithakan:Infobox Language/genetic2
| |
Sistem tulisan | Huruf Arab | |
Kodhe basa | ||
ISO 639-1 | None | |
ISO 639-2 | arz | |
ISO 639-3 | arz |
Basa Arab Mesir (Maṣrī مصري) iku sawijining dhialèk basa Arab saka pang basa Semitik kulawarga basa Afro-Asiatik. Basa iki munculé ing Dèlta Kali Nil ing Mesir Hilir sakiwa-tengené ibukutha Kairo. Basa iki diturunaké saka basa Arab sing digawa para laskar Islam ing abad kaping 7 sing naklukaké Mesir. Ing patuwuhan sabanjuré, basa iki ngalami pangaribawa mligi saka Basa Mesir-Koptik sing pribumi[2][3][4] lan sawisé iku basa-basa liyané, kaya ta basa Turki, basa Prancis lan basa Inggris. Basa Arab Mesir dicaturaké déning punjul 76 yuta jiwa ing Mesir.[1] Basa iki uga dingertèni ing saindhenging Donya Arab déning posisi média massa Mesir sing kuwat. Bab iki nggawé basa Arab Mesir sawijining varian basa Arab sing akèh dhéwé dicaturaké lan uga salah siji sing akèh disinaoni.
Istilah basa Arab Mesir lan Masri lumrahé ditrapaké bebarengan karo "basa Arab Kairo", dialèké ibukutha Mesir. Jeneng nagara iki Maṣr, déning sing ndunungi lokal uga dienggo ngrujuk jenengé ibukutha. Situasiné mèmper basa Prancis Paris sing dominan dhéwé inh Prancis. Sanadyan basa Arab Mesir mligi sawijining basa sing dicaturaké waé, basa iki uga tinemu ditulis ing sawatara roman, sandiwara, tembang lan komik, iklan, sawatara koran lan transkripsi sawatara lagu-lagu populèr. Ing média massa katulis liyané lan ing warta berita TV, Basa Arab Baku Modèrn sing dienggo. Basa Arab Mesir lumrahé ditulis mawa Huruf Arab kanggo wong-wong lokal, nanging kerep dialihaksarakaké ing aksara Latin utawa IPA ing buku-buku linguistik lan buku-buku pasinaon kanggo wong-wong asing.