Basa ing Amérika Sarékat
From Wikipedia, the free encyclopedia
Amérika Sarékat ora duwé basa resmi, nanging Basa Inggris dianggo wicara déning 82% kang ndunungi minangka basa asli, kanthi mayoritas pamicara basa Inggris mung wicara siji basa (monolingual). Jinis basa Inggris kang dianggo wicara ing Amérika sarékat dikenal minangka Inggris Amérika (American English); bebarengan karo Inggris Kanadha basa iki minangka golongan dhialèk kang diarani Basa Inggris Amérika Lor. 96% saka kang ndunungi Amérika Sarékat wicara basa Inggris kanthi "apik" utawa "apik banget".[1] Ing tanggal 18 Mèi, 2006, Senat AS mènèhi swara (voted) tumrap owah-owahan RUU reformasi imigrasi kang nyebutaké Basa Inggris minangka Basa Nasional Amérika Sarékat[2]. RUU Imigrasi mau S. 2611, lolos ing Senat tanggal 25 Mèi, 2006, nanging batal amarga Senat lan DPR gagal nyetujoni owah-owahan mau sajeroning konferènsi.
Basa ing Amérika Sarékat | |
---|---|
Basa resmi | none |
Basa utama | American English (82%) |
Basa asli | Basa Hawai, Navajo, Basa Dakota, Alaska Tengah Yup'ik, Cherokee, Western Apache, Piman, Choctaw, Keres, Zuni, Ojibwe |
Common keyboard layout(s) |