Cacah jiwa
From Wikipedia, the free encyclopedia
Cacah jiwa utawa populasi ya iku cacahing sakèhing organisme nunggal jinis utawa spésies sing dumunung ana ing laladan bumi tinamtu lan bisa kawin-kinawin.[1][2]
Sajeroning ékologi, cacah jiwa spésies tinamtu sing dumumung ana ing sawenèh laladan diétung sarana indhèks Lincoln. Laladan sing dipilih kanggo ngétung cacah jiwa lanang-wadoné dititèni minangka laladan kanthi kamungkinan kawin-kinawin antara pasangan-pasangan nunggal laladan. Kamungkinan kawin-kinawin antara iku luwih gedhé tinimbang kamungkinan kawin-kinawin nyabrang, karo sing dunung ana ing laladan liya. Normalé, kawin-kinawin luwih lumrah kalakon nunggal laladan tinimbang nyabrang laladan.[3]
Sajeroning sosiologi, cacah jiwa ateges sakumpulan manungsa. Dhémograpi ya iku widya sosial sing kudu nitèni cacah jiwa manungsa sarana paétungan.