Camembert
panganan mligi saka Prancis / From Wikipedia, the free encyclopedia
Cithakan:Infobox Cheese Camembert inggih punika kèju lunak saking susu sapi mentah ingkang asalipun saking tlatah Normandy, Perancis. Keju ingkang asli dipuntambahaken tembung "de Normandie" ing sawingkingipun nama kèju mau. Kèju punika sampun pikantuk sertifikasi AOC nalika taun 1983 ingkang nemtokaken bilih kèju mau namung saged dipunproduksi ing Normandy, Perancis kanthi métodhe produksi ingkang sampun dipuntemtokaken. Keju wonten saminipun kaliyan Brie anggènipun prosès damel ingkang ugi asalipun saking Perancis, nanging Camembert dipunproduksi kanthi wujud ingkang langkung alit.[1][2] Amargi ukuranipun ingkang bènten lajeng prosès pematanganipun ugi maringi kasil ingkang bènten ing Camembert.[2] Kèju Camembert gadhah raos ingkang langkung kuwat tinimbang Brie.[1] Camembert saé dipunsajèkaken wonten ing suhu ruangan amargi kèju punika rikat lèlèh manawi kénging panas.[1]