David Walliams
From Wikipedia, the free encyclopedia
David Williams, OBE (lair 20 Agustus 1971), ing jagat profési luwih kondhang mawa jeneng David Walliams, iku juru banyol, aktor, juri gelar kaprigelan (talent show), juru nganggit, juru panata cara, lan aktivis saka Inggris. Dhèwèké karo Matt Lucas kasuwur awit saka gelaran Little Britain ing BBC One.
Kawit taun 2012, Walliams dadi juri ing gelar kaprigelan ing ITV aran Britain's Got Talent. Dhèwèké nulis lan mbintangi rong sèri kumedhi swasana (sitcom) BBC One aran Big School. Ing kono, dhèwèké minangka guru kawruh pamisah (chemistry) jeneng Keith Church. Ing taun 2015, dhèwèké mbintangi Tommy Beresford ing sèri BBC: Partners in Crime kang dhedhasar roman-roman mawa watak Tommy lan Tuppence anggitané Agatha Christie.
Walliams uga juru nganggit buku-buku anak. Sapréné, buku-bukuné wis payu 12,5 yuta turunan punjul lan wis kapertal ing 46 basa.[1] Dhèwèké karan "juru nganggit buku-buku anak kang rikat dhéwé olèhé tuwuh" déné leléwaning sastrané (literary style) ingaran satandhing karo Roald Dahl.[2][3][4]