Dismas
From Wikipedia, the free encyclopedia
Miturut tradhisi Santo Dismas punika satunggiling santo ingkang nembé ndhèrèk Yésus ing menit-menit pungkasan kagesanganipun.[1] Dismas punika salah satunggil saking kalih durjana ingkang dipunsalibaken ing sisih kiwa lan sisih tengen Yésus.[1] Ing salebetipun kitab Injil Lukas 23:39-43, dipuncariyosaken bilih durjana ingkang satunggal boten ngeduwungi tumindakipun, nanging durjana satunggalipun malih ngeduwungi tumindak alanipun.[1] Durjana ingkang ngeduwungi tumindakipun inggih punika Dismas.[1][2] Nalika nyaketi ajalipun, Dismas nyuwun pangapunten amargi dosa-dosanipun dhumateng Yésus.[1] Yésus paring pangapunten lan ngandika: "Dina iki uga kowé bakal bebarengan karo aku ing Swarga".[1] Dismas dipunpirsani minangka tuladha kanggé tiyang ingkang purun martobat.[2] Sasanèsipun puniku, panjenenganipun ugi dados santo pangreksa kanggé tiyang ingkang dipunukum pati.[2]
Artikel iki ditulis nganggo basa krama. |
Santo Dismas | |
---|---|
Santo Dismas, maling ingkang ingkang martobat ing kayu salib. | |
Miyos | |
Tilar donya | watawis 33 Masehi, Golgota, bukit ing njawi Yerusalem |
Dipun urmati ing | Gréja Ortodoks Wétan Gréja Katulik Roma |
Dinten pèngetan | 25 Maret |
Portal Santo |