From Wikipedia, the free encyclopedia
Emma Charlotte Duerre Watson (lair ing Paris, Prancis, 15 April 1990; umur 34 taun) inggih punika salah satunggalipun aktris saking nagari Inggris ingkang dados paraga Hermione Granger wonten ing filem Harry Potter.[1] Emma Watson punika putranipun pasangan pengacara Chris lan Jacqueline ingkang sapunika sampun pegatan.[2] Watson gadhah satunggal rayi jaler ingkang namanipun Alex.[2] Watson manggèn kaliyan ibunipun, lan rayinipun Alex Watson manggèn kaliyan ramanipun.[2]
Watson nelasaken wekdal nalika alit ing kitha Paris, Prancis, Oxford, Inggris.[2] Nalika taksih sekolah Watson ndhèrèk Dragon School, satunggalipun sekolah swasta. Watson sekolah ing sekolah punika ngantos dumugi wulan Juni 2003.[2]
Sadèrèngipun main filem Harry Potter, sajatosipun Emma Watson dèrèng gadhah pengalaman ingkang kathah bab akting.[2] Sasanèsipun sekolah, Watson gadhah aktivitas nyerat puisi utawi geguritan. Watson naté ndhèrèk lomba nyerat puisi lan dados jawaranipun.[2]
Emma punika satunggalipun priyantun èstri ingkang gadhah sipat blabah lan pinter.[2]
Karir Watson ingkang sepisanan inggih punika dados laré ingkang wonten ing griya sakit Norwich ing filem kanthi irah-irahan Knowing Me, Knowing Yule.[2] Emma miwiti akting minangka Harmonie Granger ing filem Harry Potter lan Sorcerer's Stone ing taun 2001.[2] Aktingipun saged narik kawigatosanipun tiyang kathah. Salajengipun Watson main malih ing filem Harry Potter ingkang salajengipun.[2]
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.