![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/e/e5/Zebra_finch_arp.jpg/640px-Zebra_finch_arp.jpg&w=640&q=50)
Emprit
From Wikipedia, the free encyclopedia
Emprit ya iku manuk kang ukurané cilik lan pangané wiji-wijian kang ana ing wewengkon tropis Donya Lawas lan Australasia.[1] Emprit kalebu famili Estrildidae, nanging ana uga kang nganggep manuk iki kalebu anak famili Estrildinae, pérangani famili Passeridae.[2] Sadurungé kalompok manuk iki diklompokaké ing suku manyar-manyaran kang arané Ploceidae.[2] Emprit lumrahé urip nggrombol yèn luru pangan.[2] Emprit ndarbèni ukuran awak kang cilik.[2] Ukuran iki kaya ta ing Nesocharis shelleyi dawané kurang luwih 8,3 cm utawa 3,3 inci.[2] Emprit ora adhaptasi karo hawa kang adhem saéngga merlokaké habitat ing wewengkon tropika.[2] Nanging ing Australia kidul ana manuk emprit kang bisa urip ing hawa kang adhem.[2] Emprit ngendhog antarané 4-10 endhog kang disimpen ing susuhé.[2] Susuh manuk emprit dhapuré bunder kaya bal lan ana bolongan ing tengahé.[2] Susoh manuk emprit digawé saka suket lan tuwuhan kang wis garing.[2]
Emprit | |
---|---|
![]() | |
Pipit zebra, Taeniopygia guttata | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Animalia |
Filum: | Chordata |
Klas: | Aves |
Ordho: | Passeriformes |
Subordho: | Passeri |
Famili: | Estrildidae Bonaparte, 1850 |
Marga | |
Lihat pada teks. |