Formalisme (seni)
From Wikipedia, the free encyclopedia
Formalisme yaiku dhoktrin utawa praktik kasregepan kang seksama marang wujud kang duwé corak utawa bentuk-bentuk eksternal liyané.[1] Corak-corak elemen formal yaiku garis, bentuk, warna lan liya-liyané, kang bisa dikombinasekake kanggo mroduksi sekabehane gaya lan efek.[1]
Formalisme urip saka estetika "seni kanggo kepentingan seni" (Art for Art’s Sake) ing abad kaping 19, aktivitas arstistik minangka pungkasan ing awake dhéwé.[1] Para pengikut saka formalisme murni deleng yèn karya seni kanthi bébas dhedhasar konteks, fungsi lan isiné.[1] Wong-wong mau padha ngrespon elemen formal lan efek estetikane.[1]