Friedrich Anton Wilhelm Miquel
From Wikipedia, the free encyclopedia
Friedrich Anton Wilhelm Miquel (24 October 1811, Neuenhaus – 23 January, 1871, Utrecht) iku ahli botani saka Walanda.
Friedrich Anton Wilhelm Miquel minangka Kepala Kebun Botani ing Rotterdam (1835–1846), Amsterdam (1846–1859) lan Utrecht (1859–1871), lan ngepalani Rijksherbarium ing Leiden taun 1862. Ing taun 1866, kapilih minangka anggota manca saka Royal Swedish Academy of Sciences.
Senadyan ora tau lelungan adoh, dhèwèké ngumpulaké akèh kolèksi flora Australia lan Hindhia wétan liwat jaringan lan korèspondhèn. Dhèwèké mratélakaké akèh kulawarga tuwuhan saka Australia lan Indonésia, kalebu Casuarinaceae, Myrtaceae, Piperaceae lan Polygonaceae. Ahli botani iki kacathet sajeroning dhaftar cekakan jeneng pengarang botani minangka Miq. sajeroning kutipan sawijining jeneng botani.[1]
Cithakan:Botanist