Galguduud
From Wikipedia, the free encyclopedia
Galguduud (Basa Somali: Galguduud) iku sawijining laladan administratif (gobolka) ing Somalia tengah. Tlatah iki wewatesan karo Ethiopia, laladan Mudug, Hiiraan, Shabele tengah, lan Samodra Hindia. Kutha krajané ya iku Dhusa Mareb nanging kutha kang gedhé dhéwé lan kutha komersil ya iku Caabudwaaq (Abudwak). Galgaduud misuwur bab kaanan damai lan keamanané, sanadyan ndarbèni manéka warna klan. Yèn dibandhingaké tlatah sing ngasilaké kéwan liyané ing Somalia, wedhus asal saka tlatah iki paling énak rasa dagingé.
Distrik Ceelbuur (tilas kutha krajan laladan Mudug) iku panggonan kang dadi sajarah. Ceelbuur iku siji-sijiné kutha ing Somalia kang sing ndunungi golèk panguripan kanthi dadi buruh tambang. Para pangrajin ing tlatah iki gawéBurjiko lan Dabqaad kang éndah. Kompor masak nganggo areng ing Somalia kang digawé saka watu Sepiolite, dikasilaké saka penambangan ing tlatah Ceelbuur.
Laladan iki uga ndarbèni warna-warna sumber daya mineral kalebu deposit uranium kang paling akèh sa bawana Afrika.