Mudug
From Wikipedia, the free encyclopedia
Mudug (Basa Somali: Mudug) iku siji laladan administratif (gobolka) ing Somaliatengah. Laladan iki wewatesan karo Ethiopia, laladan Nugaal lan Galguduud, lan Samodra Hindia, kutha krajané ya iku Gaalkacyo (sing ndunungi 250,000).
Ing November 2006, Uni Pengadilan Islam dilapuraké nguwasani Bandiiradley, sawjining pemukiman strategis cedhak tapel wates karo Puntland. Nanging, juru wicara warlord lokal Abdi Hassan Awale Qeybdiid ngeklaim yèn pasukané mung nganakaké pemunduran taktis saka laladan mau. Mohamed Mohamud Jama, siji juru wicara "Pengadilan Islam" ing Mudug, mbiwara tujuané ya iku arep maju, tumuju menyang Gaalkacyo, pérangan kang didhaku déning Puntland. Nganti saiki, pengadilan Islam mau ngéndhani nyerang Puntland.[1]