Galotanin
From Wikipedia, the free encyclopedia
Galotanin ya iku polimer saka asem galat, ya iku rante molekul asem galat kang paling duwé pangiket karo asem galat liyané karo sukrosa lan gula liyané.[1] Galotanin akèh-akahe ana ing pelem lan duwé fungsi minangka antioksidan.[2]
Akeh galotanin kang banget nggondeli uripé tuwuhan amarga galotanin bisa ndenaturasi (ngeculake pangiket protéin) protéin kaya enzim.[1] Ketahanan tuwuhan kang ngandhutake amarga galotanin diangkud tekan vakuola lan ing kono kabèh mau ora bisa ngrombak enzim sitoplasma.[1] Galotanin kagolong tanin hidrolisis (en:hydrolizable tannin) ya iku tanin kang gampang ngethok ngasilaké asem galat kanthi prilaku pangenceran karo asem, bedha karo tanin kondensasi (en:Condensed tannin) kang ora gampang kakethok.[2]