Gitar
From Wikipedia, the free encyclopedia
Gitar iku piranti musik mawi senar utawa dawai kang dimainaké nganggo driji tangan utawa nganggo plektrum (piranti petik gitar saka plastik). Swara dikasilaké saka senar-senar kang gumeter. Pérangan utama saka siji gitar yaiku: awak gitar (body), stang (fretboard) lan senar. Gitar racaké digawé saka kayu lan duwé senar saka plastik utawa kawat. Akèh-akèhé gitar duwé enem senar, nanging ana uga kang duwé 4, 7, 8, 10 utawa 12 senar. Gulu gitar dipasangi tandha kang digawé saka wesi kang diarani fret, gunané minangka pituduh kanggo masang driji supaya ngasilaké nada tinamtu. Gitar bisa wujud gitar akustik utawa listrik, utawa gabungan kaloroné.
Artikel iki macak aksara Jawa. Menawa pangluru sampéyan durung njurung karakter iku, sampéyan mokal ndeleng sawenèh tulisan sing nganggo aksara Jawa ing kaca iki. Kanggo ndandani, wacana Pitulung:Aksara Jawa. |