![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/e/ed/Codiumfragile.jpg/640px-Codiumfragile.jpg&w=640&q=50)
Gulma segara
From Wikipedia, the free encyclopedia
Gulma laut utawa rumput laut ya iku sumber daya hayati sing ana ing pasisir lan laut.[1] Istilah "rumput laut" iku rancu kanggo istilah botani amarga dienggo kanggo rong golongan "tuwuhan" sing béda. Ana ing basa Indonésia, istilah rumput laut dienggo kanggo nyebut gulma laut lan lamun.[1] Sing dimaksud gulma laut ya iku anggota saka végètasi sing kaloka alga ("ganggang").[2] Sumber daya iki racaké bisa ditemoni ing banyon sing berasosiasi karo ékosistem terumbu karang.[2] Gulma laut alam racaké bisa urip ing ndhuwur substrat pasir lan karang mati.[2] Ing pasisir kidul jawa lan pasisir kulon sumatra, gulma laut akèh tinemu ing dhuwur karang-karang terjal sing nglindungi pasisir saka terjangan ombak.[3] Ing pasisir kidul Jawa Kulon lan Banten contoné gulma laut bisa ditemoni ing kiwa-tengené pasisir Santolo lan Sayang Heulang ing Kabupatèn Garut utawa ing laladan Ujung Kulon Kabupatèn Pandeglang[3].Déné ing laladan pasisir kulon Sumatera, gulma laut bisa ditemoni ing pasisir kulon Provinsi Lampung tekan pasisir Sumatra Kidul lan Nanggroe Acèh Darussalam.[3] Saliyané urip ing alam bébas, ana jinis gulma laut sing dibudidayakaké karo sapérangan masarakat pasisir Indonésia.[4] Jinis gulma laut sing akèh dibudidayakaké contoné ya iku Euchema cottonii lan Gracilaria spp. Sapérangan laladan lan pulau ing Indonésia sing masarakat pesisiré akèh mbudidaya gulma laut ya iku wewengkon pasisir Kabupatèn Administrasi Kapuloan Seribu, Provinsi Kapuloan Riau, Pulo Lombok, Sulawesi, Maluku lan Papua.[4]
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/b/b5/Seaweed_farming_-Nusa_Lembongan%2C_Bali-16Aug2009_edit.jpg/640px-Seaweed_farming_-Nusa_Lembongan%2C_Bali-16Aug2009_edit.jpg)
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/e/ed/Codiumfragile.jpg/640px-Codiumfragile.jpg)