Ibrahim (basa Arab: إبراهيم ) (watara 1997-1822 SM) gadhah gelar "Khalilullah" ingkang tegesipun kekasihipun Gusti. Allah ngluwari Nabi Ibrahim as, saking tirani Prabu Namrud. Kacarita, Prabu Namrud iku narèndra kang pinter banget. Nanging, kapinterané ndadèkaké dhèwèké umuk lan nyelaki Gusti Allah. Dhèwèké ngapusi lan meksa kawulané supaya nyembah dhèwèké lan Brahala.

Sunyata Rikat Nabi lan Rasul, Miyos ...
Ibrahim
Thumb
Sesawangan njaba saka Masjid al-Khalil Ibrahim, Kutha Tuwa Hebron, Palestina, minangka papan pesareyane Kanjeng Nabi Ibrahim
Nabi lan Rasul
MiyosUr Kasdim, Mesopotamia
SédaHebron, Syam
Dipun urmati ingIslam
Kristen
Yahudi
Baha'i
Druz
Papan ziarah utamaNagara PalèstinaMasjid al-Khalil Ibrahim, Hebron, Palestina
Dipun pangaruhi déningUmat Muslim, Kristen,lan Yahudi
Tutup

Allah banjur ngutus rasul sing pinter banget. Kapinterane Ibrahim bisa ngalahaké kapinterané Namrud. Sanajan ora bisa ngelingake Namrud, nanging Ibrahim kasil mbukak penggalihé para warga kraton, saengga akèh kang banjur padha iman.

Nabi Ibrahim duwé garwa loro, ya iku Siti Sarah lan Siti Hajar. Saka Siti Hajar peputra Nabi Ismail, dene karo Siti Sarah peputra Nabi Ishaq.

Nabi Ibrahim uga mbangun Ka'bah minangka papan ngibadah kang dibantu putrané yaiku Nabi Ismail. Déné, watu kanggo ngadeg Nabi Ibrahim nalika mbangun Ka'bah dijenengi Maqam Ibrahim. Allah Swt ngandika:

"Satemene omah kang wiwitan kawangun kanggo (papan ngibadah) manungsa, yaiku Baitullah ing Bakkah (Mekah) kang diberkahi lan dadi tuntunan tumrap manungsa kabeh"(QS Ali Imran:96).

Pranala njaba

Wikiwand in your browser!

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.

Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.