Isabeau saking Bavaria
From Wikipedia, the free encyclopedia
Isabeau saking Bavaria (Prancis: Isabeau de Bavière skt. 1370 – 24 September 1435) utawi asring ugi dipunsebat Elisabeth saking Bayern-Ingolstadt inggih punika Ratu Prancis (1385-1422) garwa saking Raja Charles VI[2], Piyambakipun punika asalipun saking anggota kulawarga Wangsa Valois[3]. Piyambakipun punika dipunwastani amargi gadhah peranan ingkang wigati ing ngajengipun umum nalika wonten musibah ingkang dugi ing papréntahan garwanipun [4][5].
Isabeau saking Bavaria | |
---|---|
Ratu Prancis | |
Tenure | 1385–1422 |
Lair | c. 1370 |
Surud | 24 September 1435 (yuswa 64–65) Paris |
Astana | Biara Santo Denis |
Garini | Charles VI saking Prancis |
Putra | Isabelle, Ratu Inggris Jeanne saking Prancis, Adipati Wanita Bretagne Marie, Kepala Biarawati Poissy Michelle, Adipati Wanita Burgundia Louis, Dauphin Prancis Jean, Dauphin Prancis Catherine, Ratu Inggris Charles VII saking Prancis |
Wangsa | Wangsa Wittelsbach |
Bapa | Stephan III, Adipati Bayern |
Ibu | Taddea Visconti |
Piyambakipun punika miyos wonten ing gedhong sepuh lan agung Wittelsbach, putri pambajeng saking Duke Stephen III Bavaria-Ingolstadt lan Taddea Visconti Milan[6]. Isabeau dipunkintun dhateng Perancis lan krama kaliyan Charles tigang dinten bibar duginipun[6].
Nalika taun 1389, upacara panobatan Isabeau dipunkurmati kanthi saé ing Paris. Charles kénging gerah mental nalika taun 1393 lan kapeksa narik dhiri saking papréntahan [7]. Gerahipun Charles damel lowonging papréntahan ingkang ndadosaken perang sedhèrèk antawisipun Karajan Adipati saking Burgundia lan sedhèrèk ingkang njurung Charles, Louis Orléans [4]. Isabeau punika kaombang-ambing ing tengahing fraksi-fraksi lajeng milih ingkang piyambakipun pitadosi saged damel untung kanggé ingkang marisi tahta[8]. Piyambakipun ndhèrèk Burgundia, salajengipun Isabeau kénging masalah ing pamalsuan kaliyan adhi iparipun raja,Louis saking Orléans[8]. Nalika piyambakipun milih Burgundia, para Armagnacs mbusak piyambakipun saking Paris lan dipunpenjara. Nalika taun 1407, John Orléans ingkang tansah wantun dipunpatèni Orléans lajeng ratu kelangan prabawa pulitik[8].