From Wikipedia, the free encyclopedia
Iwak cupang kalebu sawijining iwak kang asalé asli saka Asia Kidul-Wétan.[1] Iwak jinis iki duwé variasi sirip, sisik, wujud lan warna kang éndah lan akèh macemé.[1] Ana ing sapérangan laladan, iwak kang kalebu agrésif lan seneng maméraké sirip lan buntuté iki kerep uga diarani iwak aduan.[2] Nanging sanadyan iwak iki diarani iwak aduan sejatine kang diadu mung iwak saka jinis lanang baé.[2]
Aksara Latin |
Cupang | |
---|---|
Betta albimarginata | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Animalia |
Filum: | Chordata |
Klas: | Actinopterygii |
Ordho: | Perciformes |
Famili: | Osphronemidae |
Génus: | Osphronemus Bleeker, 1850 |
Spésies: | Betta Sp. |
Nama binomial | |
B. persephone |
Miturut sapérangan literatur, jeneng cupang sajatiné mung kanggo ngarani iwak saka marga Trichopsis kaya déné Trichopsis vittatus (cupang abang), Trichopsis pumillus (cupang biru) lan Trichopsis scalleri (cupang ijo).[3] Wiwitané ya iwak sawah iki kang déning para bebrayan umum diarani iwak cupang, nanging awit taun 1960-an cupang saka marga Trichopsis mau banjur kalah pamor ketimbang cupang saka marga Betta.[3]
Jinis cupang kang dikenal saiki ya iku:[4][5]
Iwak cupang ana ing ndhuwur dikenal karo mouth breeder ya iku iwak cupang kang ngangeremi endhogé ana ing jero cangkem.[4] Ana ing ngisor iki ya iku jinis iwak cupang betta, kang gawé omahé nganggo busa (bublle nest).[4][5]
Jinis ikan cupang liya kang dikenal ya iku[4][5]:
Cupang hias dibagi dadi:
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.