![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/b/bd/FrenchJews1.jpg/640px-FrenchJews1.jpg&w=640&q=50)
Jewish Encyclopedia
From Wikipedia, the free encyclopedia
Jewish Encyclopedia inggih punika satunggaling ensiklopedia ingkang dipuntérbitakèn ingkang kawiwitan ing New York antawis taun 1901 lan 1906 déning Funk and Wagnalls. Isinipun langkung saking 15,000 artikle ing 12 jilid babagan sajarah lan kaanan Yudaisme ngantos taun 1901. Sapunika dados ranah publik.
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/b/bd/FrenchJews1.jpg/640px-FrenchJews1.jpg)
Jenny Mendelsohn, saking kapustakan University of Toronto, ing purwaka online kanggé informasiaken utama nganggo Yahudi lan Yudaisme, nyerat: "Manawi dipunterbitaken ing wiwit taun 1900-an, karya punika sangat dipuntingali wigati amargi mutu ilmiahipun. Kathah matèri ing salebeting taksih berharga kangè peneliti ing babagan sajarah Yahudi."[1] Jewish Encyclopedia dipunserat ing basa Inggris,nanging kathah sumberipun inggih punika saking basa Jerman, amargi punika basa ibu nimpuna "Wissenschaft" sarta lingua franca saking nimpuna ilmiah kanthi umum ing masa punika. Sejumlah karya boten saking basa Jerman limrahipun inggih punika naskah ingkang langkung klasik, minangka ageng ing basa Ibrani utawi basa Arab. Sumber basa Inggris satunggalipun ingkang asring dipunsitir inggih punika terbitan Solomon Schechter ing Jewish Quarterly Review. Ingkang wigati terbitan ensiklopedia punika ing basa Inggris, lan boten basa Jerman utawi basa Ibrani, dipunrembakaken déning Harry Wolfson ing salebeting seratan ing taun 1926. Schwarz 1965 harv error: no target: CITEREFSchwarz1965 (help): Penyunting lan pengarang Jewish Encyclopedia kabukti tepat ing pilihan basa penerbitan punika, amargi ing wekdal 25 taun, basa Inggris dados basa utama kanggé nimpuna ilmiah Yahudi lan tiyang Yahudi ing sadaya donya. Wolfson ngendikan manawi "jika sebuah Jewish Encyclopedia ing basa modern dipunrencanakaken kawiwitan ing wanci punika [taun 1926], mila pilihan punika tiba ing bahsa Inggris.