From Wikipedia, the free encyclopedia
Kali Angara (Basa Ruslan:Ангара) iku sawijining kali sing dawané 1779 km (1105 mil) dumunung ing Irkutsk Oblast lan Krasnoyarsk Krai, Siberia kidul-wétan, Ruslan. Kali iki mung siji-sijiné mili metu saka Tlaga Baikal, lan minangka sumber saka Kali Yenisei.[1]
Kali Angara | |
---|---|
Kapernah | |
Kahanan fisik | |
Pungkasané | Kali Yenisei |
Dawané | 1,779 km (1,105 mi) |
Kali iki duwé kapasitas gedhé kanggo listrik tenaga banyu lan salah siji saka sumber tenaga listrik gedhé dhéwé ing donya. Ana dhèrètan papat wadhuk pembangkit listrik tenaga banyu ing kali iki, ya iku: Irkutskaya, Bratskaya, Ust-Ilimskaya, lan Boguchanskaya (konstruksi sing pungkasan iki isih durung rampung).
Pembangkit listrik Bratskaya minangka kang gedhé dhéwé dhéw ing donya (4,500 MW), lan wadhuké (Bratsk Reservoir) kang dhuwuré 160 mèter, minangka tlaga gawéan kang gedhé dhéwé ing donya. Pembangkit listrik Irkutskaya duwèni tenaga 660 MW.[2]
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.