![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/jv/thumb/1/11/Kali_Serayu.jpg/640px-Kali_Serayu.jpg&w=640&q=50)
Kali Serayu
kali ing Indonésia / From Wikipedia, the free encyclopedia
Kali Serayu iku kali kang sumberé saka Kabupatèn Wonosobo (Tuk Bimo Lukar) ngliwati 6 kabupatèn, ya iku antarané laladan Wanasaba, Banjarnegara, Purbalingga, Banyumas lan pungkasané tumuju menyang muarané ing Kabupatèn Cilacap.[1] Sumbere kali serayu ana ing Dhataran dhuwur Dièng.[1] Kali Serayu dianggep akli saing gedhé dhéwé lan dadi sumbar penguripan warga lan olèh pangawasan mirunggan saka warga kang ana ing saubengé.[2] Kali serayu kang duwé amba antara 12 mèter-25 mèter iki muarane ana ing Samodra Hindia.[3] Akèh wong kang nyandaraké urip ana ing kali Serayu.[3] Saliyané dadi sandaran urip warga kali Serayu uga kalebu salah siji obyèk wisata kang akèh kang ngremeni.[3] Wisata Arung Jeram iku dawi wisata kang paling diremeni déning masyarakan.[3] Nalika taun 1997, kali serayu dadi panggonan kanggo lomba arung jeram tingkat nasional.[3] kanggo kang ngremeni arung jeram kang mbutuhaké adrenalin akèh, wisata arung jeram kali Serayu dadi tujuwan kang pas.[4] Kali serayu kang dawane 25 km bisa ditempuh kira-kira 4,5jam-5 jam pengarungan.[5] Wektu sakmono mau diwiwiti pengarungan saka kretek ing Désa Blimbing utawa Désa Tunggoro Kabupatèn Wonosobo lan Désa Prigi Kabupatèn Banjarnegara tumuju Désa Singomerto, Kacamatan Sigaluh, Kabupatèn Banjarnegara.[5] Wektu tempuh mau wis karo wektu kanggo ngaso ana ing tengah-tengahing lelampahan.[5] Ing tlatah Banjarnegara kali iki diwangun sawijining wadhuk ya iku wadhuk Mrican lan pembangkit tenaga listrik Mrican.[5]
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/jv/thumb/1/11/Kali_Serayu.jpg/320px-Kali_Serayu.jpg)