kapuloan ing Indonésia From Wikipedia, the free encyclopedia
Kapuloan Maluku iku saklompok pulo ing Indonésia sing dadi péranganing Nusantara. Kapuloan Maluku dumunung ing lempeng Australia. Kapuloan iki wewatesan karo Pulo Sulawesi ing sisih kulon, Nugini ing sisih wétan, lan Timor ing sisih kidul. Ing jaman kapungkur, bangsa Éropah njenengaké "Kapuloan bumbon crakèn" — istilah iki uga tegesé saklompok pulo ing Afrika.
Geography | |
---|---|
Location | Asia Kidul-Wétan |
Coordinates | 3°9′S 129°23′E |
Administration | |
Indonésia | |
Demographics | |
Population | 1.895.000 |
Wiwit taun 1950 - 1999, Kapuloan Maluku kanthi administratif dadi péranganing Provinsi Maluku. Kabupatèn Maluku Lor sabanjuré dikukuhaké dadi Provinsi Maluku Lor.
Kapuloan Maluku kerep dijlèntrèhaké sajeroning literatur pariwisata duwé 999 pulo; 90% saka wewengkon mau wujud sagara, 77.990 km2 wujud dharatan, déné 776.500 km2 wujud sagara.[1]
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.