From Wikipedia, the free encyclopedia
Karaméan Qixi (Tionghoa: 七夕節), uga ingaran Karaméan Qiqiao (Tionghoa: 乞巧節), ya iku karaméan Cina sing mèngeti lakon kumpulé jaka tukang angon sapi lan kanya tukang nenun saben taun sing kapratélakaké ing mitologi Cina.[1] Acara iku digelar ing dina kapitu nalika wulan kapitu miturut pananggalan Cina.[2][3] Kadhang-kala karaméan iki uga diarani Karaméan Pindho-Pitu,[4] Dina Palentin Cina,[5] Malem Pitu,[6] utawa Karaméan Gagak.
Mula bukané karaméan iki saka dongèng asmara kanya lan jaka sing padha remenan, Zhinü lan Niulang,[1][7] sing siji pakaryané tukang nenun (Zhinü) lan sing sijiné tukang angon sapi (Niulang). Dongèng Jaka Angon Sapi lan Kanya Tukang Nenun wis dipèngeti sajeroning Karaméan Qixi wiwit jamané Wangsa Han.[8] Pratélan tuwa dhéwé ngenani mitos kondhang iki kapacak ing geguritan Shijing sing tuwané punjul 2600 taun.[9] Karaméan Qixi njiwani karaméan Tanabata ing Japan, karaméan Chilseok ing Koréa, lan kareméan Thất Tịch ing Viètnam.
Ana ing ngisor iki tembung-tembung Jawa sing dianggo ing artikel iki, dikanthèni jarwané ing basa Inggris.
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.