Katé iku bangsa makluk legendharis sing ukurané cilik banget lan urip ing ngisor lemah. Miturut Paracelsus, Katé wujud makluk supernatural sing urip saka unsur lemah. Sanajan cilik, katé mau bisa lumaku kanthi gampang ngetutaké langkah sawijining manungsa. Katé mau racaké nganggo topi krucut, lan sinar srengéngé bisa ngowahaké katé dadi watu. Sajeroning sapérangan carita, katé asring dilukisaké minangka makluk sing cilik banget, rainé èlèk, diidhèntikaké minangka bangsa peri sing jail, utawa dipadhakaké karo goblin. Katé duwé kakuwatan ajaib kanggo gawé wong rumangsa seneng utawa sedhih.

Saklompok Gnome.

Makluk katé mijil sajeroning dongèng-dongèng Jerman, kalebu dongèng karangan Grimm sasadulur, minangka wong tuwa kanthi badan cilik sing urip ing ngisor lemah, sing njaga harta karun kakubur. Gnome uga mijil sajeroning kabudayan nagara Éropa liyané kanthi manéka jeneng: Kaukis saka Prussia; Barbegazi, makluk mèmper katé mawa sikil gedhé sajeroning carita rakyat Prancis lan Switserlan. Vættir iku sajenis katé saka nagara Èslan.


Wikiwand in your browser!

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.

Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.