Kertu Tarot
From Wikipedia, the free encyclopedia
Kertu tarot (pisanan dikenal minangka trionfi lan sakbaré minangka tarocchi, tarock, lan liya-liyané) iku sak kelompok kertu digunakaké saka tengahaning-abad angka 15 ing warna-warna péranganing Éropah kanggo dolanan, kaya ta Itali karan tarocchini lan ning Prancis, Prancis tarot. Ing pungkasan abad angka 18, iku wiwit kanggo golèk wangsit ing bentuk saka tarotologi/kartomansi.
Kaya lumrahé maén kertu, tarot nduwé papat golongan (kang béda-béda miturut tlatah: golongan Prancis ing Éropah Lor, golongan Latin ing Éropah Kidul, lan golongan Jerman ing Éropah Tengah). Saben golongan nduwé 14 sim, kanthi sepuluh kertu dinomeri saka siji (utawa Ace) tekan sepuluh lan papat kertu tokoh (Raja, Ratu, Satriya, lan Wadung). Kajaba iku, ing tarot wis kapisah dadi 21-kertu trump lan kertu cacah siji sing diarani Gemblung/wong Bodho. Gumantung ing permainané, wong Bodho bisa dadi urutan ndhuwur trump utawa bisa diputer kanggo ngéndani golongan sawisé.[1]
Kertu tarot sing digunakaké ing saindhenging Éropah akèh-akèhé kanggo dolanan gim kertu. Ing nagara sing nggunakaé basa Inggris, kertu tarot iki ora kanggo dolanan, nanging kertu tarot kanggo maca nasib/ngramal/divinasi (divinatory). Kertu Trump lan wong Bodho kérép karan "mayor arcana" utawa arkana mayor, nalika sepuluh kertu lan papat kertu tokoh ing saben set uga karan " minor arcana" utawa arkana minor. Kertu-kertu iki dilacak karo panulis mistik ngarah ing Mesir kuna utawa Kabbalah nanging durung ana bukti-bukti kang nyathet keasliyané utawa panganggoné kertu tarot dinggo ngramal sakdurunge abad angka 18.[1]