From Wikipedia, the free encyclopedia
Lelara Taun utawa kolera (uga disebut Asiatic cholera ) ya iku salah sawijining lelara nular kang ana ing saluran pencernaan kang disebabaké déning bakterium Vibrio cholerae. Baktèri kasebut biasané lumebu ing awak liwat banyu kang kena kontaminasi saka sanitasi kang ora bener lan saka iwak kang ora dimasak nganti mateng, utamané kerang. Tandha-tandhané awujud diaré, kram weteng, mudhek-mudhek, mutah, lan dèhidrasi. Kang nyebabaké pati biasané amarga dèhidrasi. Manawa ora dirumat kanthi bener lan pener, bisa ngundhakaké risiko pati. Pangobatan bisa ditindakaké kanthi rehidrasi "regimen", biasané diwènèhaké kanthi cara intravena nganti diaré mandheg.
Tandha kang utama saka lelara kolera ya iku bebucal kang wujudé cuwèr werna putih kaya déné tajin kanthi ambu kang amis.
Pangupara kang utama ya iku kanthi cara mbalèkaké cairan awak kang ilang nganti lelarané mari (biasané 1-5 dina tanpa antibiotik)..[1] Rehidrasi bisa kanthi cara infus intravena cairan (yèn larané wis nemen) utawa kanthi cara diwènèhi oralit (oral rehydration solution).[2][3]
Antibiotik duwèni peran sekunder nanging wigati kanggo ngurangi drajat lelara lan wektu kang dibutuhaké kanggo èkskrèsi lelara. Manawa mènèhi antibiotik beciké nalika wis ora mutah-mutah (utawa sawisé réhidrasi kang sapisanan lan sawisé pulih saka asidosis).[4] Piliyan utama kanggo mènèhi antibiotik kang dienggo ana ing Indonésia ya iku tetrasiklin banjur trimethoprim/sulfamethoxazole (yèn pasièn kebal karo tetrasiklin).
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.