Kurdhistan Turki
From Wikipedia, the free encyclopedia
Kurdhistan Turki utawa Kurdhistan Lor (Kurdhi: Bakurê Kurdistanê) ngrujuk marang pérangan saka Turki ing wewengkon Anatolia lan wewengkon Anatolia Kidul-Wétan, papan dedunungé wong-wong Kurdhi minangka golongan ètnis sing dhominan. Kurdish Institute of Paris prakiraan metara yèn ana udakara 20 yuta wong Kurdhi sing manggon ana ing Turki.[1]
Wong Kurdhi lumrahé nganggep pérangan kidul-wétané Turki minangka salah sawijining pérangan saka Kurdhistan Magung, sing uga dumadi saka pérangan loré Suriah (Rojava utawa Kurdhistan Kulon), Irak sisih lor (Kurdhistan Kidul), lan Iran sisih lor-kulon (Kurdhistan Wétan).[2]
Istilah Kurdhistan Turki kerep digayutaké lan uga digunakaké ing kontèks nasionalismé Kurdhi sing marakaké istilah kasebut dadi kontrovèrsial ing Turki. Amarga iki, ana ambiguitas bab istilah iki, lan istilah iki dadi nduwèni teges sing béda-béda gumantung karo kontèksé. Istilah iki wis digunakaké ing sawenèh tulisan élmiyah lan médhia warta kanggo ngrujuk wewengkon ing Turki sisih kidul-wétan kanthi populasi wong Kurdhi sing akèh.[3][4][5][6][7][8][9][10]