Kécap
panyedhep legi saka kedhelé ireng / From Wikipedia, the free encyclopedia
Kécap yaiku salah siji bumbu utawa panyedhep masakan kang wujudé cuwèran kang wernané ireng.[1] Kécap rasané ana kang legi lan ana uga kang asin.[1] Bahan dhasar kanggo nggawé kécap yaiku kedhelé utawa kedhelé ireng.[1] Nanging ana uga kécap kang digawé saka banyu klapa. Kécap kang digawé saka banyu klapa lumrahé rasané asin.[1] Kécap legi lumrahé kenthel lan digawé saka kedhelé nanging kécap asin lumrahé luwih èncèr lan digawé saka kedhelé kanthi komposisi uyah kang luwih akèh, utawa ana uga kang digawé saka iwak sagara.[1] Saliyané saka bahan dhasar kedhelé utawa kedhelé ireng lan banyu klapa, kécap uga ana kang digawé saka ampas padhet saka ampas tahu.[1]