From Wikipedia, the free encyclopedia
Louis-Jacques-Mandé Daguerre (1787 – 1851) inggih punika salah satunggalipun seniman lan kimiawan saking Prancis ingkang misuwur amargi karyanipun ingkang namanipun prosès fotografi Daguerreotype.[1] Taun 1824, panjenenganipun ngawontenaken uji coba kanggé damel gambar, ngedalaken “pertunjukan diorama” kanthi kliling Prancis, Inggris, lan Sekotlan.[1]
Nalika taksih enèmipun, Daguerre dados seniman. Wonten ing yuswa kinten-kinten 30 (tigang dasa) taun, panjenenganipun ngrancang “diorama”.[2] Diorama inggih punika barisan lukisan pemandhangan ingkang saé sanget, dipunpamèraken kanthi èfèk sinar cahya.[2] Panjenenganipun gadhah pamikiran kados pundi damel piranti ingkang saged nglukisaken pemandhangan nanging boten mawi kuas lan cèt.[2] Èkspèrimèn ingkang sepisanan damel rancangan kodhak ingkang dèrèng saged kasil.[2]
Ing taun 1827, panjenenganipun kepanggih kaliyan Joseph Nicephore Niepce ingkang ugi taksih nyobi damel kodhak. Kalih taun salajengipun, Daguerre lan Niepce sesarengan nyobi damel kodhak.[2] Nanging ing taun 1833, Niepce tilar donya. Kapeksa Daguerre nglajengaken damel kodhak piyambak. Pungkasanipun Daguerre saged kasil ngembangaken satunggal sistem praktis fotografi ingkang namanipun “daguerreotype”.[2]
Taun 1839 Daguerre maringi informasi dhumateng bebrayan umum (masarakat) prakawis kodhak punika, nanging dèrèng dipunpatènaken. Pamaréntah Prancis maringi kanugrahan dhumateng Daguerre wujud pènsiun salawasipun gesang.[2] Amargi prastawa punika, Daguerre dados tiyang ingkang sanget dipunurmati déning masarakat lan dipunanggep kados déné pahlawan.[2]
Daguerre tilar donya taun 1851 ing caket kitha Paris, Prancis.[2]
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.