Kimia

kawruh dat-dat dhasar ing jagat From Wikipedia, the free encyclopedia

Kimia
Remove ads

Kimia (basa Arab: كيمياء utawa basa Griki: χημεία "khemeia") iku ngèlmu kang manyinaoni sifating dat-dat dhasar matéri kang ana ing jagat. Ngèlmu iki nyinaoni sipat dhasar, pangowahan lan interaksi atom-atom, ya iku dat-dat dhasar matéri.

Thumb
Laboratorium.

Olèhé manyinaoni ngèlmu iki, papané ana ing laboratorium.

Babagan-Babagan Kimia

Babagan-babagan mirunggan ngèlmu kimia iku antarané:

Atom

Artikel utama bab: Atom.

Atom iku ékan matèri kang cilik bangét kang ketata saking:

  • Nukléus utawa inti atom kang duwé momotan positif kang lumrahé ngandhut Proton lan Neutron
  • Eléktron ngubéngi ana ing sékitar inti atom kanggo ngimbangi momotan positif inti atom.

Unsur Kimia

Artikel utama bab: Unsur kimia.

Unsur Kimia iku kelompok atom kang duwé jumlah proton kang pada ing jero inti atom utawa nuklèus/inti. Jumlah iku diarani nomer atom unsur. Kanggo conto: kabèh atom kang duwè proton 6 iji ing intiné iku mesthi atom saka unsur kimia karbon, utawa kabèh atom kang duwé proton 92 iji ing inti/nukleuse mesthi atom unsur uranium.

Tampilan unsur-unsur iku paling pas tur gampang dipahami ana ing tabel périodik. Ing tabel périodik iku unsur kimia ditata miturut lambang unsur lan nomer atomé.

Remove ads

Cabang-Cabang Kimia

Cabang-cabang utama ngèlmu kimia iku antarané:

  • Kimia Organik
  • Kimia Anorganik
  • Biokimia
  • Kimia Fisik

Saliyané iku uga ana cabang-cabang mirunggan kang mbahas kaitan ngèlmu kimia iki kaliyan ngèlmu liyané contoné:

  • Elektrokimia
  • Farmakologi
  • Geokimia
  • Kimia Atmosfér
  • Kimia Inti
  • Kimia Komputasi
  • Kimia Lingkungan
  • Kimia Obat
  • Kimia Polimér
  • Kimia Supramolekul
  • Termokimia
  • lyy.

Pirsani Uga

  • Hukum Kimia
  • Tata Jeneng Kimia
  • Wujud Zat
  • Kimiawan
  • Tabel périodik
  • Pratélan unsur miturut jeneng
  • Pratélan unsur miturut nomer atom

Cithakan:Cabang ngèlmu alam


Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads