From Wikipedia, the free encyclopedia
Macan Jawa (Panthera tigris sondaica) inggih punika salah satunggalipun jinis sato macan ingkang gesang ing Pulo Jawa.[1][2] Macan punika dipunpratélakaken manawi sampun cures ing taun 1980-an, amargi dipunburu lan habitatipun ingkang ical amargi ngrembakanipun papan pertanian.[1] Wonten pawartos manawi Macan Jawa sampun cures watawis taun 1950-an, nalika wonten pawartos kinten-kinten macan punika namung kantun 25 cacahipun.[1] Ingkang pungkasan wonten pawartos manawi ing taun 1972 macan punika taksih wonten.[1] Ing taun 1979 wonten pratandha manawi macan punika taksih kantun tiga.[1] Kemungkinan alit Kéwan punika taksih déréng cures.[1] Ing taun 1990-an womten sawatawis lapuran bab taksih wontenipun kéwan punika, sanajan lapuran punika boten saged dipunklarifikasi.[1][2]
Macan Jawa | |
---|---|
Foto Macan Jawa ingkang dipunpedhet ing taun 1938 | |
Critically endangered, possibly extinct | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Animalia |
Filum: | Chordata |
Klas: | Mammalia |
Ordho: | Carnivora |
Famili: | Felidae |
Génus: | Panthera |
Spésies: | P. tigris |
Subspésies: | P. t. sondaica |
Trinomial name | |
Panthera tigris sondaica (Temminck, 1844) | |
Péta wewengkonipun Macan Jawa |
Ing pungkasanipun abad kaping 18, habitat Macan Jawa inggih punika wonten ing sadaya Pulo Jawa. Nalika taun 1850, kathah tiyang ingkang wiwit manggén ing tlatah ingkang sajatosipun dados habitatipun Macan Jawa.[3] Wiwit taun 1940-an, Macan Jawa pindhah dhateng gugung lan wana.[3] Watawis taun 1970, Macan Jawa dipunmangertosi namung wonten ing wewengkon Gunung Betiri, gunung ingkang inggilipun 1.192 métér ing Pulo Jawa sisih kidul wétan.[3]
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.