Marshmallow
From Wikipedia, the free encyclopedia
Marshmallow utawi manisan kenyal inggih punika dhaharan mawi tèkstur kados busa ingkang lembut kanthi manéka wujud, rasa, lan warna.[1] Marshmallow manawi dipundhahar lèlèh wonten ing tutuk amargi punika asil saking campuran gula utawi sirup jagung, putih tigan, gelatin, gom arab, lan bahan perasa ingkang dipunkocok dumugi mekar.[1] Marshmallow punika kalebet makanan ringan ingkang asring dipuntedhi bibar dipunpanggang wonten ing api unggun.[2] Manawi dipunpanggang, pérangan njawi saking marshmallow punika nglampahi karamelisasi déné wonten ing pérangan njero punika radi cair. Dangunipun manggang punika gumantung selera, wiwit saking namung sekdhik éwah warna dumugi manisan kenyal terang lan radi gosong.[2] Resep kanggé damel manisan kenyal wonten langkung saking 1.000 cara ingkang béda.[1]