Mercedes-Benz
mèrek montor saka Jèrman / From Wikipedia, the free encyclopedia
Mercedes-Benz (carané maca ing basa Jerman: [mɛʁˈtseːdəs ˈbɛnts]) ya iku perusahaan otomotif saka Jerman kang gawé mobil kang warna-warna, mobil trek, lan bis.[1] Mercedes-Benz ya iku salah sawijining perusahaan mobil kang paling misuwur ning donya.[1] Mercedes-Benz uga dadi perusahaan otomotif kang tuwa dhéwé ning donya kang isih ana nganti saiki. Mobil gawéyane Mercedes-Benz iku dikenal mobil kang nggunakaké tèknologi kang dhuwur, lan duwé tèknologi pengaman kang apik ketimbang mobil liyané.[1] Mercedes-Benz ya iku divisi saka Daimler AG.[1] Asal mulane Mercedes-Benz saka panemune Karl Benz kang nemu mobil kang duwé bahan bakar bènsin pisanan ning dunya lan wis dipatenake sasi Januari 1886,karo Benz Patent Motorwagen.[1] Direwangi karo lelabuhané Gottlieb Daimler teknisi Wilhelm Maybach. Mobil-mobil Mercedes pisanan didol saka taun 1901 karo Daimler Motoren Gesellschaft.[1] Mobil iki pisanan nganggo merek Mercedes-Benz kang diprodhuksi taun 1926 sawisé eneng merger saka perusahaan Benz karo Daimler, saéngga dadi perusahaan Daimler-Benz.[1]
Type | Divisi saka Daimler AG |
---|---|
Industry | Otomotif |
Predecessor | Benz & Cie. Daimler Motoren Gesellschaft |
Founded | Mannheim, 1886 |
Founder | Karl Benz Gottlieb Daimler |
Headquarters | Stuttgart, Jerman |
Key people | Dieter Zetsche, CEO |
Products | MontorTrukBusMesin |
Parent | Daimler AG |
Website | www.mercedes-benz.com |