Mesin drum
alat musik èlèktronik sing digunakaké kanggo nirukaké swara perkusi / From Wikipedia, the free encyclopedia
Mesin drum (Inggris: drum machine) minangka piranti musik elektronik sing bisa nggawé swara kaya drum lan perkusi liyane kanthi pola tartamtu. Piranti iki biasané nduwe kanggonan saperlu rekaman musik jogèt èlèktronik (EDM) saha genre musik liyane. Mesin drum tau dinggo kanggo nggawé lagu pop saka Michael Jackson, ing album Thriller.[1] Mesin iki nduwèni wujud kothak lan nduwé tunyukan keypad kanggo mrogram kaya ta nggawé ritme lan beat. Mesin drum ngasilaké swara saka nggunakaké sintesis utawa muter sampel kasil saka rekaman. Mesin drum asring digunakaké kanggo lagu populer nganti awal taun 2000-an, nalika piranti alus kaya ta DAW luwih lumrah digunakna. Senajan mengkono, mesin drum isih lumrah digunakake nganti saiki, utamané ing musik èlèktronik kaya ta hip-hop.