Mikroorganisme
makhluk urip kang ukurané cilik banget / From Wikipedia, the free encyclopedia
Mikroorganisme utawa mikroba minangka organisme sing cilik banget mula mbutuhake alat pitulung kanggo ngamati.[1] Mikroorganisme uga diarani organisme mikroskopik.[1] Mikroorganisme ono sing sèl tunggal (unisel) utawa multisel (multiselular).[1] Nanging, sawetara protista kanthi sel tunggal isih bisa dideleng karo mripat lan ana sawetara spesies multisel sing ora bisa dideleng saka mripat telanjang. Virus uga kalebu mikroorganisme, sanajan ora asipat seluler.[1]
Elmu kang nyinaoni mikroorganisme diarani mikrobiologi lan uwong kang makarya ing bidang iki diarani mikrobiologis.[1] Miturut klasifikasi makhluk urip, mikroorganisme bisa diklasifikasikake dadi 5 kerajaan, yaiku Protista, Jamur, Monera, Virus lan Prion. Kaloro kerajaan liyane yaiku Plantae (tanduran) lan Animalia (kewan).
Mikroorganisme biasane dianggep kalebu kabeh prokariota, protista, lan alga mikro.[2] Jamur, utamane sing cilik lan ora wujud hypae, bisa uga dianggep kalebu bagean, sanajan akeh sing ora setuju. Laboratorium lan bisa ngasilake dhewe kanthi mitosis.
Mikroorganisme beda karo sel makroorganisme. Sel makroorganisme ora bisa urip kanthi bebas, nanging dadi bagean saka struktur multiselular sing nggawe jaringan, organ lan sistem organ, bisa ngasilake energi dhewe, lan reproduksi kanthi mandiri tanpa dibantu karo sel liyane.