![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/0/06/Momotaro_illustration%252C_1885.jpg/640px-Momotaro_illustration%252C_1885.jpg&w=640&q=50)
Momotaro
From Wikipedia, the free encyclopedia
Momotarō (桃太郎, Momotarō?) inggih punika carita rakyat Jepang ingkang nyariosaken satunggaling laré jaler ingkang kuwat sanget kanthi nama Momotarō ingkang kesah kanthi ancas mbasmi raksesa. Dipunparingi nama Momotarō amargi piyambakipun wiyos saking woh persik (momo), déné "Tarō" punika nama ingkang padatanipun kanggé tiyang jaler ing Jepang. Saking simbah putri (nenek), Momotarō pikantuk bekal kuwe kibidango. Ing margi, anjing, monyet, lan manuk pegar ndhèrèk gabung minangka pendhèrèk Momotarō amargi dipunparingi kuwe mau. Ing cariyosipun samangké kéwan ingkang kepanggih wonten ing margi paring pambiyantu anggènipun Momotarō tarung nglawan raksesa [1].
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/0/06/Momotaro_illustration%2C_1885.jpg/320px-Momotaro_illustration%2C_1885.jpg)